Khutbah

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Sugeng Rawuh Wulan Mulud, Wulan Miyose Kanjeng Nabi

Kamis, 5 September 2024 | 18:15 WIB

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Sugeng Rawuh Wulan Mulud, Wulan Miyose Kanjeng Nabi

Khutbah Jumat Bahasa Jawa tentang bulan Rabiul Awal bulan kelahiran Nabi saw (NU Online).

Nabi Muhammad saw lahir pada bulan Rabi'ul Awal atau Mulud (dalam Bahasa Jawa). Sebagaimana kita diperintahkan oleh Allah swt untuk bergembira atas rahmat dan anugerah dari-Nya, maka kita harus turut bergembira atas datangnya bulan kelahiran Nabi Muhammad saw, dengan berbagai wujud ekspresi. Sebab Nabi Muhammad saw menjadi rahmat bagi seluruh alam.
 

Teks khutbah Jumat berikut ini dengan judul, “Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Sugeng Rawuh Wulan Mulud, Wulan Miyose Kanjeng Nabi." Untuk mencetak naskah khutbah Jumat ini, silakan klik ikon print berwarna merah di atas atau bawah artikel ini (pada tampilan desktop). Semoga bermanfaat! 
 

 

Khutbah I
 

الحَمْدُ للهِ الْمَلِكِ الدَّيَّانِ، وَالصَّلَاةُ وَالسَّلَامُ عَلَى مُحَمَّدٍ سَيِّدِ وَلَدِ عَدْنَانَ، وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَتَابِعِيْهِ عَلَى مَرِّ الزَّمَانِ، وَأَشْهَدُ أَنْ لَّا إِلهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ الْمُنَـزَّهُ عَنِ الْجِسْمِيَّةِ وَالْجِهَةِ وَالزَّمَانِ وَالْمَكَانِ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الَّذِيْ كَانَ خُلُقُهُ الْقُرْآنَ
 

أَمَّا بَعْدُ، عِبَادَ الرَّحْمٰنِ، فَإنِّي أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللهِ المَنَّانِ، الْقَائِلِ فِي كِتَابِهِ الْقُرْآنِ: قُلْ بِفَضْلِ اللّٰهِ وَبِرَحْمَتِهٖ فَبِذٰلِكَ فَلْيَفْرَحُوْاۗ هُوَ خَيْرٌ مِّمَّا يَجْمَعُوْنَ
 

Ma’asyiral muslimin rahimakumullah
Sedaya puji namung kagunganipun Gusti Allah swt, Dzat ingkang Maha Kuwaos, ingkang sampun nyiptaake langit lan bumi sak isine. Kanthi sedaya nikmatipun, mangga kita syukuri kelawan gunaake nikmat punika ing dalem kesahenan.
 

Mboten kesupen, manggaha kita tansah ningkataken takwa kita, kelawan nindaake perintahe Gusti saha nebihi sedaya awisane. Mugi-mugi kita kalebet dados tiyang-tiyang ingkang angsal Ridha saking Gusti Allah ta’ala. Dawuhipun Allah Ta'ala:
 

وَتَزَوَّدُوا فَإِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوَى وَاتَّقُونِ يَا أُولِي الأَلْبَابِ
 

Artosipun, "Pada (gawa) sanguha sira kabeh, mangka setuhune luwih bagus-baguse sangu, yaiku takwa marang Allah. Lan padha takwaha sira kabeh ing Ingsun (Allah), hei wong kang padha duweni akal." (Surat Al-Baqarah ayat 197).  
 

Para jamaah ingkang minulya

Kita sedaya saget urip ing dunya kanthi netepi iman lan islam menika, minangka saking kanugrahan lan rahmat utawi welas asihipun Gusti Allah swt. Pramila kita kedah tansah bungah awit saking rahmat punika. Gusti Allah subhanahu wata'ala sampun paring dhawuh ingkang kasebat wonten Al-Qur'an surat Yunus.
 

قُلْ بِفَضْلِ اللّٰهِ وَبِرَحْمَتِهٖ فَبِذٰلِكَ فَلْيَفْرَحُوْاۗ هُوَ خَيْرٌ مِّمَّا يَجْمَعُوْنَ
 

Artosipun, "Dhawuha sira (Muhammad), padha bungaho kelawan Kanugrahan lan Rahmate Allah. Sebab Rahmat lan Kanugrahan wau, mangka padha bungaho wong-wong mukmin. Kang mengkunu iku, luwih bagus tinimbang dunya kang dikumpul-kumpulake." (Surat Yunus ayat 58).
 

Wonten ing kitab tafsir Al-Ibriz ingkang dipun anggit KH Bisri Mustofa saking Rembang, dipun terangake, bilih rahmat saking Gusti punika awujud pinaringan bisa dadi wong Islam lan pinaringan Al-Qur'an. 
 

Kajaba niku, salah setunggale rahmat ingkang ageng, inggih punika, Kanjeng Nabi Muhammad Saw ingkang dados panutan kita sedaya lan kanthi wasilahipun, kita saget mengenal agami Islam lan kitab suci Al-Qur'an.
​​​​​​​

Wonten ing ayat sanesipun, Allah ugi paring dhawuh:
 

وَمَآ اَرْسَلْنٰكَ اِلَّا رَحْمَةً لِّلْعٰلَمِيْنَ
 

Artosipun, "Lan ora ngutus ing sira (Muhammad), kajaba kerana dadi rahmat tumerap wong alam kabeh." (Surat Al-Anbiya' ayat 108).

 

Para jamaah ingkang minulya

Kanjeng Nabi Muhammad saw dados rahmat tumerap wong alam kabeh, ingkang kita sedaya kedah padha bungah. Langkung-langkung dhumateng kita ingkang ngaku dados umate Kanjeng Nabi. Jenenge tiyang bungah, tentu macem-macem ekspresi utawi carane.
 

Salah setunggale, wonten ingkang ndherek bungah ing wekdal miyose Kanjeng Nabi. Menawi istilah sederhanane mengeti utawi ngrayaake ulang tahun Kanjeng Nabi Muhammad saw, ingkang dhawah wonten ing wulan Mulud.
 

Carane ngrayaake ugi macem-macem, wonten ingkang ngawontenake sholawatan, muludan, grebeg Mulud, sekaten, sedekahan, lan sanes-sanesipun, ingkang sedaya wau laku sahe ingkang mboten nyalahi syariat lan disesuaikan kalian kebiasaan ing tiap daerah.
 

Imam As-Suyuthi wonten ing Husnul Maqshad fi Amalil Maulid maringi keterangan, cara-carane mengeti miyose Kanjeng Nabi kanthi cara kang sahe.
​​​​​​​

Ingkang menawi dipun rinci caranipun mengeti miyose Kanjeng Nabi Muhammad saw punika, pertama nalika padha kumpul kanthi maos Al-Qur'an. Sebab Al-Qur'an menika dados salah setunggale mukjizate Kanjeng Nabi, ugi dados tuntunane manungsa.​​​​​​​
 

Kaping kalih, dipun waosaken riwayat gesangipun Kanjeng Nabi Muhammad saw, ugi sifat lan akhlakipun, sehingga wonten tuladha ingkang saget kita pendet lan dipun amalake. Pramila, nalika acara muludan, biasanipun dipun waosaken kitab maulid Al-Barzanji, Diba', lan sanesipun ingkang nyeritaake riwayate Kanjeng Nabi, keluarga lan para sahabate, lan akhlak-akhlake ingkang sahe.
 

Kaping tiga, wonten sedekah arupi dhaharan lan unjukan. Ingkang sedaya punika dados bukti syukur kita marang Allah swt, lan kangge mbungahake tiyang ingkang hadir.

 

Para jamaah ingkang minulya

Kajaba tiga perkawis ingkang kasebat, ugi mboten supe anggene kita ngathah-ngathahake maos sholawat kagem Kanjeng Nabi Muhammad saw. Gusti Allah swt sampun paring dhawuh ing Al-Qur'an:
 

اِنَّ اللّٰهَ وَمَلٰۤىِٕكَتَهٗ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّۗ يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا
​​​​​​​

Artosipun, "Saktemene Allah lan para malaikate Allah, iku tansah padha macaake sholawat ingatase Kanjeng Nabi Muhammad. Hei eling-eling wong kang iman, padha maos sholawat sira kabeh ingatase Kanjeng Nabi lan padha nyuwuna salam sira kabeh, kelawan nyuwun salam kang temenan." (Surat Al-Ahzab ayat 56).

 

Gusti Allah lan para malaikat mawon maos sholawat, napa malih awak dhewe ingkang kepengin nyadong syafaat. Pramila, menawi kita pengin angsal keslametan ing dunya lan akhirat, mangga padha ngathah-ngathahake maca sholawat kagem Kanjeng Nabi Muhammad saw.
 

Kanjeng Nabi Muhammad saw ugi sampun paring dhawuh ing salah setunggale hadist:
 

مَنْ صَلَّى عَلَىَّ صَلاَةً وَاحِدَةً صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ عَشْرَ صَلَوَاتٍ وَحُطَّتْ عَنْهُ عَشْرُ خَطِيئَاتٍ وَرُفِعَتْ لَهُ عَشْرُ دَرَجَاتٍ
 

Artosipun, "Sapa wonge kang maca shalawat sepisan ingatase ingsun (Kanjeng Nabi), kamangka Gusti Allah bakal bales 10 sholawat, dingapura 10 dosane, lan bakal diangkat derajate 10 tingkat." (Hadits riwayat Imam An-Nasa'i).
 

Mugi-mugi kita sedaya dipun dadosake kalebet tiyang ingkang remen maos sholawat, sehingga slamet lan begja dunya akhirat. Lan mugi kita sedaya pinaringan gesang ingkang dipun ridhani Gusti. Ugi benjang dipun pejahake kanthi keadaan ingkang sahe lan angsal syafaat saking Kanjeng Nabi Muhammad saw. Amin ya Rabbal Alamin.
 

بَارَكَ الله لِي وَلَكُمْ فِي اْلقُرْآنِ اْلعَظِيْمِ وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنْ آيَةِ وَذِكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا فَأسْتَغْفِرُ اللهَ العَظِيْمَ إِنَّهُ هُوَ الغَفُوْرُ الرَّحِيْم 
 

 

Khutbah II
 

 الْحَمْدُ لِلّٰهِ وَالْحَمْدُ لِلّٰهِ ثُمَّ الْحَمْدُ لِلّٰهِ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إلٰهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الَّذِيْ لَا نَبِيَّ بَعْدَهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ  وَسَلِّمْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى أَلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ القِيَامَةِ
 

أَمَّا بَعْدُ، فَيَا أَيُّهَا النَّاسُ أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ. فَقَالَ اللهُ تَعَالَى: إِنَّ اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يٰأَ يُّها الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا اَللّٰهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى أَلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ .اَللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ، اَلْأَحْياءِ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ
 

اَللّٰهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلَاءَ وَاْلوَبَاءَ والقُرُوْنَ وَالزَّلَازِلَ وَسُوْءَ اْلفِتَنِ وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا إِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ بُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عامَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ. اَللّٰهُمَّ أَرِنَا الْحَقَّ حَقًّا وَارْزُقْنَا اتِّبَاعَهُ وَأَرِنَا الْبَاطِلَ بَاطِلًا وَارْزُقْنَا اجْتِنَابَهُ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. وَاَلْحَمْدُ لِلّٰهِ رَبِّ الْعٰلَمِيْنَ
 

عٍبَادَ اللهِ، إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتاءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشاءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ، وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ، وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ، وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ
 

 

Ustadz Ajie Najmuddin, Pengurus MWCNU Banyudono Boyolali