Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Pentinge Ngerteni Adab ing dalem Nyambut Damel
Jumat, 23 Agustus 2024 | 05:00 WIB
Bekerja, merupakan perbuatan yang sangat mulia dan bahkan tergolong dapat dalam kewajiban. Dengan bekerja kita terhindar dari perbuatan meminta. Namun, terkadang dalam bekerja, kita akan bertemu dengan banyak orang, dengan berbagai kekurangan dan kelebihannya. Dalam konteks tersebut, bagaimanakah agar bisa terbangun lingkungan kerja yang sehat?
Teks khutbah Jumat berikut ini dengan judul “Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Pentinge Ngerteni Adab ing dalem Nyambut Damel". Untuk mencetak naskah khutbah Jumat ini, silakan klik ikon print berwarna merah di atas atau bawah artikel ini (pada tampilan desktop). Semoga bermanfaat!
Khutbah I
اَلْحَمْدُ ِللهِ الْمَلِكِ الدَّيَّانِ، وَالصَّلَاةُ وَالسَّلَامُ عَلَى مُحَمَّدٍ سَيِّدِ وَلَدِ عَدْنَانَ، وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَتَابِعِيْهِ عَلَى مَرِّ الزَّمَانِ، وَأَشْهَدُ أَنْ لَّا إِلهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ الْمُنَـزَّهُ عَنِ الْجِسْمِيَّةِ وَالْجِهَةِ وَالزَّمَانِ وَالْمَكَانِ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الَّذِيْ كَانَ خُلُقُهُ الْقُرْآنَ
أَمَّا بَعْدُ، عِبَادَ الرَّحْمٰنِ، فَإنِّي أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللهِ المَنَّانِ، الْقَائِلِ فِي كِتَابِهِ الْقُرْآنِ: يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوا اتَّقُوا اللّٰهَ وَلْتَنْظُرْ نَفْسٌ مَّا قَدَّمَتْ لِغَدٍۚ وَاتَّقُوا اللّٰهَۗ اِنَّ اللّٰهَ خَبِيْرٌ ۢ بِمَا تَعْمَلُوْنَ
Ma’asyiral muslimin rahimakumullah
Sedaya puji namung kagunganipun Gusti Allah swt, Dzat ingkang Maha Kuwaos, ingkang sampun nyiptaake langit lan bumi sak isine. Kanthi sedaya nikmatipun, mangga kita syukuri kelawan gunaake nikmat punika ing dalem kesahenan.
Mboten kesupen, manggaha kita tansah ningkataken takwa kita, kelawan nindaake perintahe Gusti saha nebihi sedaya awisane. Mugi-mugi kita kalebet dados tiyang-tiyang ingkang angsal Ridha saking Gusti Allah ta’ala. Dawuhipun Allah ta'ala:
وَتَزَوَّدُوا فَإِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوَى وَاتَّقُونِ يَا أُولِي الأَلْبَابِ
Artosipun, "Pada (gawa) sanguha sira kabeh, mangka setuhune luwih bagus-baguse sangu, yaiku takwa marang Allah. Lan padha takwaha sira kabeh ing Ingsun (Allah), hei wong kang padha duweni akal." (QS Al-Baqarah: 197).
Para jamaah ingkang minulya
Salah setunggale perintah saking Gusti Allah, inggih punika kewajiban supados kita pados perkawis kang halal, sahe niku papan, sandangan, dhaharan, lan sanesipun. Dhawuhipun Allah ing Al-Qur'an:
يٰٓاَيُّهَا النَّاسُ كُلُوْا مِمَّا فِى الْاَرْضِ حَلٰلًا طَيِّبًاۖ وَّلَا تَتَّبِعُوْا خُطُوٰتِ الشَّيْطٰنِۗ اِنَّهٗ لَكُمْ عَدُوٌّ مُّبِيْنٌ
Artosipun, "Hei eling-eling menungsa kabeh, padha mangana sira kabeh, saking barang kang tetep ing dalem bumi hale halal tur bagus. Lan sira kabeh aja padha melu ing pira-pira langkahe syaitan. Saktemene syaitan iku dadi musuh kang nyata kanggo sira kabeh." (QS Al-Baqarah: 16).
Kangge dalan kita angsal perkawis ingkang halal, saget kita lampahi kanthi nyambut damel utawi bekerja. Kerja menika dados perkawis ingkang mulia, sebab kanthi kerja menika kita saget terhindar saking njaluk-njaluk utawi ngemis.
Kelawan kerja ugi, kita saget nafkahi keluarga, ingkang perkawis menika dados kewajiban tumrap kepala keluarga. Dhawuhipun Gusti Allah ta'ala:
وَقُلِ ٱعْمَلُوا۟ فَسَيَرَى ٱللَّهُ عَمَلَكُمْ وَرَسُولُهُۥ وَٱلْمُؤْمِنُونَ
Artosipun, "Lan dhawuha sira (Muhammad), padha ngamala sira kabeh. mangka bakal mirsani sapa Allah ing amale sira kabeh, semunu uga utusane Allah lan para wong mukmin." (QS At-Taubah: 105).
Kerja menika ugi dados dalan kangge kita ngisi waktu kagem perkawis kang manfaat utawi kagolong ngibadah. Kanjeng Nabi Muhammad saw ugi sampun paring dhawuh, muliane tiyang ingkang nyambut damel, wonten ing hadits kang dipun riwayataken sahabat Abu Hurairah ra:
لَأَنْ يَحْتَطِبَ أَحَدُكُمْ حُزْمَةً عَلَى ظَهْرِهِ خَيْرٌ لَهُ مِنْ أَنْ يَسْأَلَ أَحَدًا فَيُعْطِيَهُ أَوْ يَمْنَعَهُ
Artosipun, "Saestu, menawa ana wong kang (kerja) gendong kayu bakar ing gegere, iku luwih apik tinimbang wong kang njaluk-njaluk (ngemis), banjur anggene njaluk iku diwenehi utawa ditolak." (HR Al-Bukhari lan Muslim).
Para jamaah ingkang mugi-mugi dipun rahmati Allah
Kanthi muliane kerja punika, mangka kita ugi kedah ngerteni adab-adab saha hak lan kewajiban nalika kita kerja. Khususipun menawi ing dalem pekerjaan punika, kita kepanggih utawi interaksi kalian tiyang sanes. Menika penting, sebab nalika kerja, mestinipun kita pingin angsal lingkungan kerja ingkang sehat. Sahe niku sehat secara materi utawi mental.
Supados kita saget mbangun lingkungan kerja ingkang sehat, tentunipun kedah mangertosi hak lan kewajibane. Sawang sinawang hak lan kewajiabn menika ugi penting, supados mboten padha iri lan drengki.
Menawi saget dipun sedehanaake, kewajibane atasan/bos/majikan menika salah setunggale inggih punika, maringi bayaran ingkang sampun dipun sepakati. Kanjeng Nabi Muhammad saw, paring dhawuh:
أَعْطُوا الْأَجِيرَ أَجْرَهُ قَبْلَ أَنْ يَجِفَّ عَرَقُهُ
Artosipun, "Wenehana upah kanggo wong kang kerja, sak durunge garing keringete." (HR Ibnu Majah).
Lajeng, kagem para pekerja/karyawan, kedah ngerteni kewajiban utawi tugas pekerjaanipun. Sedaya pekerjaan dilampahi kanthi sahe lan penuh tanggung jawab.
Para jamaah ingkang minulya
Kajaba, kaitanipun kalian hak lan kewajiban masing-masing. Supados terbangun lingkungan kerja ingkang sehat, kedah ngerteni batasan-batasanipun ing lingkungan kerja. Sampun ngantos, nalika ten lingkungan kerja kita nglampahi perkara kang mboten manfaat, utawi malah kabujuk nafsu lan godane syaitan, nglampahi perkara kang dilarang kalian negara utawi agama. Dhawuhipun Gusti Allah:
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوا اتَّقُوا اللّٰهَ وَلْتَنْظُرْ نَفْسٌ مَّا قَدَّمَتْ لِغَدٍۚ وَاتَّقُوا اللّٰهَۗ اِنَّ اللّٰهَ خَبِيْرٌ ۢ بِمَا تَعْمَلُوْنَ
Artosipun, "Hei wong kang padha iman, padha takwa sira kabeh ing Allah, lan supaya niti-niti, amal-amal apa kang arep diajuake kanggo ngadepi dina kiamat besok. Lan sira kabeh padha wedi ing Allah. Saktemene Allah iku Maha Waspada, Mirsani apa-apa kang sira kabeh lakoni." (QS Al-Hasyr: 18).
Mugi-mugi kita sedaya dipun dadosake kalebet tiyang ingkang tansah syukur dhumateng sedaya nikmat saking Gusti. Lan mugi kita sedaya pinaringan gesang ingkang dipun ridhani Gusti. Ugi benjang dipun pejahake kanthi keadaan ingkang sahe. Amin ya Rabbal 'alamin.
بَارَكَ الله لِي وَلَكُمْ فِي اْلقُرْآنِ اْلعَظِيْمِ وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنْ آيَةِ وَذِكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا فَأسْتَغْفِرُ اللهَ العَظِيْمَ إِنَّهُ هُوَ الغَفُوْرُ الرَّحِيْم
Khutbah II
اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ وَالْحَمْدُ لِلّٰهِ ثُمَّ الْحَمْدُ لِلّٰهِ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إلٰهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الَّذِيْ لَا نَبِيَّ بَعْدَهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى أَلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ القِيَامَةِ
أَمَّا بَعْدُ، فَيَا أَيُّهَا النَّاسُ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ. فَقَالَ اللهُ تَعَالَى: إِنَّ اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يٰأَ يُّها الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا اَللّٰهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى أَلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ .اَللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ، اَلْأَحْياءِ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ
اَللّٰهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلَاءَ وَاْلوَبَاءَ والقُرُوْنَ وَالزَّلَازِلَ وَسُوْءَ اْلفِتَنِ وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا إِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ بُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عامَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ. اَللّٰهُمَّ أَرِنَا الْحَقَّ حَقًّا وَارْزُقْنَا اتِّبَاعَهُ وَأَرِنَا الْبَاطِلَ بَاطِلًا وَارْزُقْنَا اجْتِنَابَهُ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. وَاَلْحَمْدُ لِلّٰهِ رَبِّ الْعٰلَمِيْنَ
عٍبَادَ اللهِ، إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتاءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشاءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ، وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ، وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ، وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ
Ustadz Ajie Najmuddin, Pengurus MWCNU Banyudono Boyolali