Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Ikhtiar Pados Keslametan kelawan Doa lan Sedekah
Jumat, 30 Agustus 2024 | 08:00 WIB
Setiap insan pasti mendambakan keselamatan, baik ketika hidup di dunia maupun kelak di akhirat. Keselamatan diharapkan, sebab terkadang kita akan dihadapkan pada ujian dan cobaan. Meminta keselamatan kepada Allah Swt dilakukan dengan berbagai cara. Si antaranya dengan wasilah berdoa dan bersedekah.
Teks khutbah Jumat berikut ini dengan judul “Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Ikhtiar Pados Keslametan kelawan Doa lan Sedekah". Untuk mencetak naskah khutbah Jumat ini, silakan klik ikon print berwarna merah di atas atau bawah artikel ini (pada tampilan desktop). Semoga bermanfaat!
Khutbah I
الحَمْدُ للهِ الْمَلِكِ الدَّيَّانِ، وَالصَّلَاةُ وَالسَّلَامُ عَلَى مُحَمَّدٍ سَيِّدِ وَلَدِ عَدْنَانَ، وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَتَابِعِيْهِ عَلَى مَرِّ الزَّمَانِ، وَأَشْهَدُ أَنْ لَّا إِلهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ الْمُنَـزَّهُ عَنِ الْجِسْمِيَّةِ وَالْجِهَةِ وَالزَّمَانِ وَالْمَكَانِ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الَّذِيْ كَانَ خُلُقُهُ الْقُرْآنَ
أَمَّا بَعْدُ، عِبَادَ الرَّحْمٰنِ، فَإنِّي أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللهِ المَنَّانِ، الْقَائِلِ فِي كِتَابِهِ الْقُرْآنِ: وَقَالَ رَبُّكُمُ ادْعُوْنِيْٓ اَسْتَجِبْ لَكُمْۗ اِنَّ الَّذِيْنَ يَسْتَكْبِرُوْنَ عَنْ عِبَادَتِيْ سَيَدْخُلُوْنَ جَهَنَّمَ دَاخِرِيْنَ
Ma’asyiral muslimin rahimakumullah.
Sedaya puji namung kagunganipun Gusti Allah swt, Dzat ingkang Maha Kuwaos, ingkang sampun nyiptaake langit lan bumi sak isine. Kanthi sedaya nikmatipun, mangga kita syukuri kelawan gunaake nikmat punika ing dalem kesahenan.
Mboten kesupen, manggaha kita tansah ningkataken takwa kita, kelawan nindaake perintahe Gusti saha nebihi sedaya awisane. Mugi-mugi kita kalebet dados tiyang-tiyang ingkang angsal Ridha saking Gusti Allah ta’ala. Dawuhipun Allah ta'ala:
وَتَزَوَّدُوا فَإِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوَى وَاتَّقُونِ يَا أُولِي الأَلْبَابِ
Artosipun, "Pada (gawa) sanguha sira kabeh, mangka setuhune luwih bagus-baguse sangu, yaiku takwa marang Allah. Lan padha takwaha sira kabeh ing Ingsun (Allah), hei wong kang padha duweni akal," (Surat Al-Baqarah ayat197).
Para jamaah ingkang minulya
Sedaya manungsa mesti kepengin uripe tansah begja lan slamet ing dunya lan akhirat. Nalika urip ing dunya, pengin slamet saking penyakit, bencana, lan musibah. Nalika ten alam kubur, pengin slamet saking siksaning kubur. Lan benjang ten akhirat, sedaya mesti pengin slamet saking geni neraka.
Sedaya usaha bakal dilampahi, kersane angsal keslametan saking Gusti Allah Subhanahu wa ta'ala. Salah setunggale cara supados angsal keslamaten, inggih punika saget dilampahi kanthi wasilah dunga dhumateng Allah Swt. Dhawuhipun Allah ing Al-Qur'an:
وَقَالَ رَبُّكُمُ ادْعُوْنِيْٓ اَسْتَجِبْ لَكُمْۗ
Artosipun, "Sampun dhawuh sapa Pengeran ira kabeh: padha nyuwuna sira kabeh ing Ingsun (Allah), Ingsun bakal nyembadani marang sira kabeh," (Surat Ghafir ayat 60).
Pramila, sinten tiyang ingkang ngarep-arep keslametan ing dunya lan akhirat, sampun sak mestine padha nyuwuna dunga marang Gusti Allah Ta'ala. Sebab, namung Gusti Allah ingkang saget maringi keselamatan marang kita sedaya.
Wonten ing lajengipun ayat menika, ugi dipun terangaken bilih tiyang ingkang mboten purun ngibadah utawi nyuwun dunga marang Gusti Allah punika, kalebet tiyang ingkang sombong. Ingkang walesanipun saking Allah ta'ala kanggone tiyang ingkang sombong yaiku neraka jahanam. Kanthi kita nyuwun dunga dhumateng Allah, ngetoake bilih kita sedaya menika kawulane Gusti, saha makhluk ingkang lemah, ingkang tansah butuh pitulungan saking Gusti.
Dunga menika, ugi ibarate saget dados senjatane tiyang mukmin supados angsal pitulungane Gusti. Dhawuhipun Kanjeng Nabi Muhammad saw:
الدُّعَاءُ سِلاَحُ الْمُؤْمِنِ، وَعِمَادُ الدِّينِ، وَنُورُ السَّمَاوَاتِ وَالأَرْضِ
Artosipun: "Dunga iku dadi senjatane wong mukmin, cagake agama, lan dadi pepadhange langit lan bumi," (Riwayat Imam Al-Hakim).
Nyuwun dunga menika saget diucapke kanthi basa Arab, Indonesia, Jawa, lan sanesipun. Bilih contoh dunga ingkang masyhur, ingkang saget kita waos, supaya kita angsal keslametan lan kesahenan ing dunya lan akhirat, kita saget dunga:
رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ
Artosipun, "Duh Gusti Allah, Pengeran kita, mugi Panjenengan maringi kita, kesahenan ing dunya lan akhirat, lan mugi Panjenengan ngreksa kita sedaya, saking siksa neraka," (Surat Al-Baqarah ayat 201).
Para jamaah ingkang mugi-mugi dipun rahmati Allah
Ingkang kaping kalih, wasilah utawi perantara supaya kita angsal keslametan inggih punika kelawan sedekah. Dhawuhipun Kanjeng Nabi Muhammad saw:
صَنَائِعُ الْمَعْرُوْفِ تَقِيْ مَصَارِعَ السُّوْءِ وَصَدَقَةُ السِّرِّ تُطْفِئُ غَضَبَ الرَّبِّ
Artosipun, "Amalan-amalan ingkang becik bakal ngreksa kita saking perkara kang awon, lan sedekah kang dilakoni kanthi rahasia bakal ngreksa kita saking bendune Pengeran," (Riwayat At-Thabarani).
Wonten ing hadits sanesipun Kanjeng Nabi ugi sampun paring dhawuh:
حَصِّنُوْا أَمْوَالَكُمْ بِالزَّكَاةِ وَدَاوُوْا مَرْضَاكُمْ بِالصَّدَقَةِ
Artosipun, "Jaganen bandha sira kabeh kelawan zakat lan awehana obat marang wong-wong kang padha nandang lara kelawan (wasilah) sedekah." (Riwayat At-Thabarani).
Hadits-hadits ingkang sampun dipun aturaken menika, maringi keterangan fadhilah utawi kautamaane sedekah. Bilih kanthi wasilah sedekah, antawisipun saget dados wasilah, ngudi kesarasan tumerape wong kang nandang gerah. Tentunipun, usaha kanthi cara medis tetep kita lampahi lan kita sartani kelawan dunga lan sedekah.
Sedekah menika ugi saget dados dalan keslametan kita, saking bendune Gusti lan siksa neraka. Dhawuhipun Kanjeng Nabi Muhammad saw:
اِتَّقُوْا النَّارَ وَلَوْ بِشِقِّ تَمْرَةٍ
Artosipun: Jaganen sira kabeh saking geni neraka, senajan namung sedekah kurma setengah bagian," (Riwayat Imam Al-Bukhari).
Para jamaah ingkang minulya
Pramila, menawi kita pengin angsal keslametan ing dunya lan akhirat, ampun ninggal perkawis kalih kala wau, inggih punika dunga lan sedekah.
Mugi-mugi kita sedaya dipun dadosake kalebet tiyang ingkang slamet lan begja dunya akhirat. Lan mugi kita sedaya pinaringan gesang ingkang dipun ridhani Gusti. Ugi benjang dipun pejahake kanthi keadaan ingkang sahe. Amin ya Rabbal 'alamin.
بَارَكَ الله لِي وَلَكُمْ فِي اْلقُرْآنِ اْلعَظِيْمِ وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنْ آيَةِ وَذِكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا فَأسْتَغْفِرُ اللهَ العَظِيْمَ إِنَّهُ هُوَ الغَفُوْرُ الرَّحِيْم
Khutbah II
الْحَمْدُ لِلّٰهِ وَالْحَمْدُ لِلّٰهِ ثُمَّ الْحَمْدُ لِلّٰهِ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إلٰهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الَّذِيْ لَا نَبِيَّ بَعْدَهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى أَلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ القِيَامَةِ
أَمَّا بَعْدُ، فَيَا أَيُّهَا النَّاسُ أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ. فَقَالَ اللهُ تَعَالَى: إِنَّ اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يٰأَ يُّها الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا اَللّٰهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى أَلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ .اَللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ، اَلْأَحْياءِ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ. اَللّٰهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلَاءَ وَاْلوَبَاءَ والقُرُوْنَ وَالزَّلَازِلَ وَسُوْءَ اْلفِتَنِ وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا إِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ بُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عامَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ. اَللّٰهُمَّ أَرِنَا الْحَقَّ حَقًّا وَارْزُقْنَا اتِّبَاعَهُ وَأَرِنَا الْبَاطِلَ بَاطِلًا وَارْزُقْنَا اجْتِنَابَهُ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. وَاَلْحَمْدُ لِلّٰهِ رَبِّ الْعٰلَمِيْنَ
عٍبَادَ اللهِ، إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتاءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشاءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ، وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ، وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ، وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ
Ustadz Ajie Najmuddin, Pengurus MWCNU Banyudono Boyolali