Khutbah

Khutbah Idul Fitri Bahasa Jawa: Ganjaran Kamulyan Ngapuran-Ngapuranan​​​​​​​ lan​​​​​​​ Nepung Paseduluran

Jum, 21 April 2023 | 22:15 WIB

Khutbah Idul Fitri Bahasa Jawa: Ganjaran Kamulyan Ngapuran-Ngapuranan​​​​​​​ lan​​​​​​​ Nepung Paseduluran

Ilustrasi: keluarga (freepik).

 Khutbah Idul Fitri 1444 H kali ini mengingatkan seluruh umat Islam untuk kembali merenungkan makna Idul Fitri sebagai momentum untuk mempererat tali silaturahim dan saling memaafkan satu sama lain. Meminta dan memberikan maaf tidak akan merendahkan derajat kita di mata Allah, justru akan menambah kemuliaan. 
 

Teks khutbah Idul Fitri berikut ini berjudul " Khutbah Idul Fitri Bahasa Jawa: Khutbah Idul Fitri Bahasa Jawa: Ganjaran Kamulyan Ngapuran-Ngapuranan lan​​​​​​​ Nepung Paseduluran​​​​​​​". Untuk mengunduh dan mencetak naskah khutbah Idul Fitri ini dalam format PDF, silakan klik di kolom download. Semoga bermanfaat! (Redaksi).

 

Khutbah I 
 

‎اللهُ أَكْبَرُ (×٣) اللهُ أَكْبَرُ (×٣) اللهُ أَكْبَرُ (×٣) وَلِلّٰهِ اْلحَمْدُ

اللهُ أَكْبَرُ كَبِيْرًا، وَالحَمْدُ لِلّٰهِ كَثِيْرًا وَسُبْحَانَ اللهِ بُكْرَةً وَأَصِيْلًا لاَ إِلٰهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ صَدَقَ وَعْدَهُ وَنَصَرَ عَبْدَهُ وَأَعَزَّ جُنْدَهُ وَهَزَمَ الأَحْزَابَ وَحْدَهُ لَاإِلٰهَ إِلَّا اللهُ وَلَا نَعْبُدُ إِلاَّ إِيّاَهُ مُخْلِصِيْنَ لَهُ الدِّيْنَ وَلَوْكَرِهَ الكاَفِرُوْنَ

 

 الحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِيْ حَرَّمَ الصِّياَمَ أَيّاَمَ الأَعْياَدِ ضِيَافَةً لِعِباَدِهِ الصَّالِحِيْنَ. أَشْهَدُ أَنْ لاَإِلٰهَ إِلاَّاللهُ وَحْدَهُ لاَشَرِيْكَ لَهُ الَّذِيْ جَعَلَ الجَّنَّةَ لِلْمُتَّقِيْنَ وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا وَمَوْلاَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ االدَّاعِيْ إِلىَ الصِّرَاطِ المُسْتَقِيْمِ
 

 اللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَباَرِكْ عَلىَ سَيِّدِنَا مُحَمَّـدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحاَبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلىَ يَوْمِ الدِّيْنَ أَمَّا بَعْدُ، فَيَآ أَيُّهَا المُؤْمِنُوْنَ أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ المُتَّقُوْنَ. وَاتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقاَتِهِ وَلاَتَمُوْتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ
 

 قال الله تعالى: خُذِ ٱلْعَفْوَ وَأْمُرْ بِٱلْعُرْفِ وَأَعْرِضْ عَنِ ٱلْجَٰهِلِينَ 

 

Jamaah shalat Idul Fitri ingkang dipunrahmati Allah  

Sedaya puji namعng kagunganipun Allah ta’ala, ingkang sampun maringi kita kathah kanugrahan, ngantos mboten saget kita etung peparingan saking Allah ingkang sampun kita tampi. Langkung-langkung wonten ing dinten menika, kita saget makempal sareng-sareng keluarga, sedherek, ugi umat Muslim kanthi awak ingkang sehat lan ati kang bungah, sebab dinten menika kita sami ngrayaake Idul Fitri utawi dinten riyaya, dinten ingkang kebak berkah saha rasa bungah.
 

Pramila, sedaya nikmat punika mangga kita syukuri kelawan lisan, ati, saha tumindhak becik. Mugi-mugi kita sedaya kalebet tiyang ingkang syukur dhateng Allah ta’ala.
 

  اللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ لاَ إِلهَ إِلاَّ اللهُ، وَاللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ وَلِلّٰهِ اْلحَمْدُ

 

Jamaah shalat Idul Fitri rahimakumullah 

Gusti Allah ta’ala nyiptaake makhluk termasuk menungsa kang gadahi sifat kang beda-beda. Wonten ing Al-Qur’an Surat Al-Hujurat ayat 13: 
 

   يٰٓاَيُّهَا النَّاسُ اِنَّا خَلَقْنٰكُمْ مِّنْ ذَكَرٍ وَّاُنْثٰى وَجَعَلْنٰكُمْ شُعُوْبًا وَّقَبَاۤىِٕلَ لِتَعَارَفُوْاۚ اِنَّ اَكْرَمَكُمْ عِنْدَ اللّٰهِ اَتْقٰىكُمْۗ اِنَّ اللّٰهَ عَلِيْمٌ خَبِيْرٌ  
 

Artosipun: “Hei para manungsa, saktemene Ingsun (Allah) iku nitahake sira kabeh saking wong lanang (Nabi Adam as) lan wong wadon (Siti Hawa). Lan Ingsun ndadeake sira kabeh, dadi pirang-pirang bangsa lan kabilah (suku), supaya sira kabeh padha kenal-mengenal. Sejatine kang luwih mulya saking sira kabeh mungguhe Allah, yaiku wong kang luwih takwa. Saktemene Allah iku Maha Pirsa saha Maha Waspada.” 

 

Wonten ing ayat punika dipuntegesaken bilih Allah ta’ala ndadosaken macem-macem menungsa, mboten namung beda fisik kados dene rambut, warna kulit, utawi gedhe cilike awak. Nanging ugi beda ing dalem pemikiran, pendapat, lan pemahaman. 
 

Kados dene, ing dalem memahami teks agama wonten ing Al-Qur’an lan sunahe Kanjeng Nabi Muhammad saw. Ugi beda pandangan ing dalem nafsiraken dalil saha tata cara nentuaken awal saha akhir bulan Hijriah. Beda pendapat ingkang kados mekaten, kedah kita sikapi kanthi manah lan ilmu pemahaman ingkang jembar. 
 

  اللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ لاَ إِلهَ إِلاَّ اللهُ، وَاللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ، وَلِلّٰهِ اْلحَمْدُ    

Jamaah shalat Idul Fitri rahimakumullah 

Wonten ing Dinten Riyaya punika, lumrahipun dados dinten kangge makempal, silaturahim nepung paseduluran. Nepung paseduluran utawi silaturahim punika perkawis ingkang sahe, ingkang sampun didhawuhake Kanjeng Nabi Muhammad saw: 
 

مَنْ أَحَبَّ أَنْ يُبْسَطَ لَهُ فِي رِزْقِهِ وَ يُنْسَأَ لَهُ فِي أَثَرِهِ فَلْيَصِلْ رَحِمَهُ 
 

Artosipun: “Sinten tiyang ingkang remen dijembarke rizkine lan didawake umure, mangka prayogane padha silaturahim (nepung paseduluran).”​​​​​​​
 

Nepungke paseduluran, ateges mboten namung sedulur kandung utawi tunggal trah, ananging ugi sedulur ing dalem tunggal agama (ukhuwah Islamiyah), tunggal bangsa (ukhuwah wathoniyah), lan tunggal utawi padha menungsane (ukhuwah basyariah). Paseduluran ingkang guyub, akhire ndadosake keluarga rukun, ndadosake warga rukun, ndadosake umat rukun, lan ndadosake negara rukun.
 

Jamaah shalat Idul Fitri rahimakumullah 

Idul Fitri menika ugi dados wekdal ingkang sahe kangge kita padha nyuwun pangapura. Sak sampune kita ngresiki awak kita saking dosa, kelawan nindhaake ibadah pasa saha amalan-amalan sanese wonten ing Wulan Ramadhan, kita sampurnaaken kanthi lebure dosa kita marang sepadha. Dhawuhipun Allah ta’ala wonten ing Surat Al-A’raf ayat 199: 
 

خُذِ ٱلْعَفْوَ وَأْمُرْ بِٱلْعُرْفِ وَأَعْرِضْ عَنِ ٱلْجَٰهِلِينَ 
 

Artosipun: “Dadio sliramu (Muhammad) wong sing (seneng) ngapura lan supaya nglakoni perkara kang becik ugi mengoho saka wong-wong kang bodho.” ​​​​​​​
 

Nalika kita nyuwun ngapura, mboten ateges kita kalah utawi lemah. Ugi menawi kita caos ngapura, mboten ateges kita ingkang langkung sahe. Dhawuhipun Kanjeng Nabi ingkang sanese: 
 

وَمَا زَادَ اللهُ عَبْدًا بِعَفْوٍ إِلاَّ عِزًّا 
 

Artosipun: “Ora bakal ana tambahan (ganjaran) liya saking Gusti Allah dhateng tiyang ingkang pangapura, kejaba namung kamulyan. ​​​​​​​
 

Mekaten atur khutbah wonten ing kesempatan menika. Mugi-mugi kita sedaya didadosaken Allah ta’ala, kalebet tiyang ingkang begja dunya lan akhirat. Dingapura sedaya dosa kita. Ditampi sedaya amal ibadah kita. Lan mugi-mugi kita dikempalke Allah sareng keluarga, guru-guru kita, lan Kanjeng Nabi Muhammad saw wonten ing Suwarganipun Allah ta’ala. Amin, allahumma amin.
 

  جَعَلَنَا اللهُ وَاِيَّاكُمْ مِنَ اْلعَائِدِيْنَ وَاْلفَائِزِيْنَ وَاْلمَقْبُوْلِيْنَ، وَاَدْخَلَنَا وَاِيَّاكُمْ فِى زُمْرَةِ عِبَادِهِ الصَّالِحِيْنَ، اَقُوْلُ قَوْلِى هَذَا وَاسْتَغْفِرُ الله لِى وَلَكُمْ، وَلِوَالِدَيْنَا وَلِسَائِرِ اْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ، فَاسْتَغْفِرهُ اِنَّهُ هُوَاْلغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ    
 

 

Khutbah II   
 

 اللهُ اَكْبَرُ (٣×) اللهُ اَكْبَرُ (٤×) اللهُ اَكْبَرُ كبيرًا وَاْلحَمْدُ للهِ كَثِيْرًا وَسُبْحَانَ الله بُكْرَةً وَ أَصْيْلاً لاَ اِلَهَ اِلاَّ اللهُ وَاللهُ اَكْبَرْ اللهُ اَكْبَرْ وَللهِ اْلحَمْدُ اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذي وَكَفَى، وَأُصَلِّيْ وَأُسَلِّمُ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ الْمُصْطَفَى، وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَهْلِ الصِّدْقِ الْوَفَا. أَشْهَدُ أَنْ لَّا إلٰهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ أَمَّا بَعْدُ
 

فَيَا أَيُّهَا الْمُسْلِمُوْنَ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ الْعَلِيِّ الْعَظِيْمِ وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ عَظِيْمٍ، أَمَرَكُمْ بِالصَّلَاةِ وَالسَّلَامِ عَلَى نَبِيِّهِ الْكَرِيْمِ فَقَالَ: إِنَّ اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا، اَللّٰهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ، فِيْ الْعَالَمِيْنَ إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ اَللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ والْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ الْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالْأَمْوَاتِ، اللهم ادْفَعْ عَنَّا الْبَلَاءَ وَالْغَلَاءَ وَالْوَبَاءَ وَالْفَحْشَاءَ وَالْمُنْكَرَ وَالْبَغْيَ وَالسُّيُوْفَ الْمُخْتَلِفَةَ وَالشَّدَائِدَ وَالْمِحَنَ، مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ، مِنْ بَلَدِنَا هَذَا خَاصَّةً وَمِنْ بُلْدَانِ الْمُسْلِمِيْنَ عَامَّةً، إِنَّكَ عَلَى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ
 

عِبَادَ اللهِ إنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالْإحْسَانِ وَإِيْتَاءِ ذِي الْقُرْبَى ويَنْهَى عَنِ الفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالبَغْيِ، يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ. فَاذكُرُوا اللهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ
​​​​​​​وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ


 

Ustadz Ajie Najmuddin, Pengurus MWCNU Banyudono Boyolali