Khutbah

Khutbah Idul Fitri Bahasa Jawa: Berkah Riyoyo Langgeng Dumugi Setahun Ngajeng

Jum, 21 April 2023 | 06:30 WIB

Khutbah Idul Fitri Bahasa Jawa: Berkah Riyoyo Langgeng Dumugi Setahun Ngajeng

Khutbah Idul Fitri Bahasa Jawa: Riyoyo Berkah Dumugi Setahun Ngajeng

Khutbah I
 

اَللهُ أَكْبَرُ، اَللهُ أَكْبَرُ، اَللهُ أَكْبَرُ … اَللهُ أَكْبَرُ، اَللهُ أَكْبَرُ، اَللهُ أَكْبَرُ … اَللهُ أَكْبَرُ، اَللهُ أَكْبَرُ، اَللهُ أَكْبَرُ. كَبِيْرًا وَالْحَمْدُ لِلّهِ كَثِيرًا وَسُبْحَانَ اللهِ بُكْرَةً وَأَصِيلًا. لآ إِلهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ، صَدَقَ وَعْدَهُ، وَنَصَرَ عَبْدَهُ، وَأَعَزَّ جُنْدَهُ، وَهَزَمَ الْأَحْزَابَ وَحْدَهُ. لآ إِلهَ إِلَّا اللهُ وَلَا نَعْبُدُ إِلَّا إِيَّاهُ، مُخْلِصِينَ لَهُ الدِّينِ وَلَوْ كَرِهَ الْكَافِرُونَ
 

اَلْحَمْدُ لِلَّهِ. أَشْهَدُ أَنْ لآ إِلهَ إلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ. اَللّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى أَصْحَابِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ. أَمَّا بَعْدُ، فَيآ أَيُّهَا النَّاسُ، أُوصِيكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ. إِنَّ لِلْمُتَّقِينَ فِي جَنَّاتٍ وَعُيُونٍ، أُدْخُلُوهَا بِسَلَامٍ آمِنِينَ. أَمَّا بَعْدُ

 

Hadirin hadirot jamaah shalat Idul Fitri ingkang minulyo,

Wonten pepanggihan injing puniko, monggo kito ngaturaken puji lan syukur dumateng Allah subhanahu wa ta'ala, Pengeran ingkang sampun paring kesempatan dumateng kito sedoyo ngibadah poso Ramadhan sak wulan nutuk, jamaah tarawih lan witir, soho tadarusan ugi sak wulan. Kasyukuran kita sedoyo sampun sak prayoginipun kito lahiraken kanti waosan tahmid sesarengan, alhamdulillahi rabbil alamin.


Wonten awal khutbah puniko mboten kasupen, monggo kito sareng-sareng ningkataken, ngukuhaken, lan nguwataken ketakwaan dumateng gusti Allah, langkung-langkung sak sampunipun ngelampai ngibadah wonten saklebetipun wulan Ramadhan. Ketakwaan kito wonten wulan Ramadhan ingkang sekedik katah sampun meningkat, posonipun katah; sholatipun tambah katah; sedekahipun mundak; nafkah lan perhatianipun dumateng keluarga ugi tambah longgar; seserawunganipun dumateng sederek, tetanggi lan rencang ugi tambah sae; monggo wonten pepanggihan riyoyo injing punika, kito niati, kito tingkataken malih dumugi Ramadhan tahun ngajeng.
 

Ampun ngantos prestasi ngibadah ritual lan ngibadah sosial ingkang sae puniko, mandek mak jegrek, sesarengan telasipun wulan Ramadhan lan ngincik wulan Syawal wonten injing puniko. Kito sareng-sareng iling dawuhipun Imam Al-Ghazali wonten Kitab Ihya Ulumiddin, juz IV koco 382:

 
لَا خَيْرَ فِيْ خَيْرٍ لَا يَدُوْمُ، بَلْ شَرٌّ لَا يَدُوْمُ خَيْرٌ مِنْ خَيْرٍ لَا يَدُوْمُ

 
Artosipun, “Mboten wonten kesaenan ingdalem kesaenan ingkang mboten langgeng. Malah perkawis awon ingkang mboten langgeng, langkung sae tinimbang kesaenan ingkang mboten langgeng.”

 
Ngibadah niku sae, poso sae, shalat sae, shodaqoh sae, srawung niku sae, nyekapi kebutuhan, paring kalonggaran, lan perhatian kasih sayang dumateng keluargo niku sae. Ananging menawi ngantos mandek mak jegrek, mboten dilampahi maleh, mboten diajegi, sedoyo wau dados blas mboten wonten saenipun.

 
Sakwangsulipun, nekat mboten poso niku awon; nekat mboten shalat, nekat nglarani rencang, nekat mboten ngopeni keluargo, niku babar blas mboten sae. Tapi menawi kok mandek mak jegrek, kapok mboten mangsuli malih perkawis-perkawis awon puniko, sedoyo dados sae.

 
Ingkang nekat mboten poso Ramadhan enggal-enggal nyaur utang poso mulai tanggal kalih (2) Syawal. Ingkang tasih glang-gling shalatipun mulai kerso sinahu mbiasaaken sholat, langkung-langkung mulai nyicil nyaur utang sholat ingkang kadung dipun tilar. Ingkang wonten perkawis kalih rencang, tetanggi utawi sederek, kerso ngerintis solusi ingkang paling memungkinkan. Ingkang wekdal-wekdal kepengker tasih kirang anggenipun paring nafkah lan perhatian dumateng keluargo, mulai kerso usaha pados nafkah ingkang halal lan langkung cekap, saha kerso paring perhatian ingkang lebih dumateng garwo lan poro putro.

 
Sedoyo perkawis awon kolo wau, menawi mboten dipun lampahi malih, menawi dipun kapoki, mandek mak jegrek, sedoyo dados sae. Malah langkung sae tinimbang ngibadah lan kesaenan ingkang mandek mboten berlanjut.

 
Sedoyo puniko, keranten keawonan ingkang mboten langgeng, menawi mandek mak jegrek, puniko mbeto kebungahan. Sakwangsulipun, kesaenan ingkang mboten langgeng, menawi mandek mak jegrek, punika bade ndugeaken kesusahan.

 
Penyair agung asal Kufah Irak, Abut Thoyyib Al-Mutanabbi (ingkang sedo tahun 354 H), ndawuhaken wonten salah setunggal syairipun:
 

أَشَدُّ الغَمِّ عِنْدِيْ فِي سُرُورٍ  *   تَيَقَّنَ عَنْهُ صَاحِبُهُ انْتِقَالًا

 
Artosipun, “Kesusahan ingkang paling abot, inggih kesusahan ingdalem kebungahan ingkang enggal sirno.”

 
Kebungahan kito anggenipun mandek nglampahi kesaenan, sakyektosipun bade enggal sirno. Kebungahan kito anggenipun mandek nglampahi ngibadah, bade dumugeaken kesusahan. Kebungahan kito anggenipun mandek nglampahi amal sholeh, bade dados kesusahan ingkang langgeng. Na'udzubillahi, naudzubillahi min dzalik.

 
Hadirin hadirot jamaah shalat Idul Fitri ingkang minulyo,

Sinaoso amal sholeh punika sae, tapi kedah dipun ukur lan wonten istirahatipun. Islam ngajaraken poso, tarawih, lan darusan sak wulan nutuk; ananging Islam ugi ngajaraken istirahat saking poso, sholat, lan darusan. Malah Islam ngaromaken poso wonten dinten riyoyo Idul Fitri puniko.
 

Sepindah wekdal, Sayyidina Abu Bakar wonten dinten riyoyo nuweni putrinipun, injih puniko Sayyidah Aisyah, garwo Kanjeng Agung Nabi Muhammad shallalahu 'alaihi wasallam. Abu Bakar tratapan sanget, kranten wonten ngajeng Aisyah, wonten saklebetipun griyo Nabi Muhammad shallalahu 'alaihi wasallam, wonten lare estri kalih nyanyeaken lagon-lagon.

 
Mboten sronto ningali kahanan puniko, Abu Bakar duko sak duko-dukonipun:

 
أَبِمُزْمُورِ الشَّيْطَانِ فِى بَيْتِ رَسُولِ اللَّهِ صلى الله عليه وسلم
 

Artosipun, “Onoto lagon-lagon setan dinyanyeake ono griyone Rasulullah shallalahu 'alaihi wasallam?
 

Ningali moro sepuh duko-duko mekaten, Rasulullah shallalahu 'alaihi wasallam dawuh:
 

يَا أَبَا بَكْرٍ، إِنَّ لِكُلِّ قَوْمٍ عِيْدًا وَهَذَا عِيْدُنَا

 
Artosipun, “Abu Bakar, temen saestu angger-angger masyarakat gadah riyoyo piyambak-piyambak; lan dinten niki, dinten riyoyo kito umat Islam.” (Hadits riwayat Imam Al-Bukhari lan Muslim).

 
Maksudipun punopo dawuh Kanjeng Nabi Muhammad shallalahu 'alaihi wasallam puniko?

 
Mboten lintu, maksudipun inggih sampun sakwajaripun, menawi wonten saklebetipun dinten riyoyo, umat Islam ngelahiraken kebungahan. Saget kanti nyanyeaken lagon-lagon kanthi tetap njogo perilaku lan akhlak ingkang sae, ngobrol-ngobrol ringan, dahar-dahar, utawi hiburan lintu-lintu nipun. Semisal photo-photo lan mendet video sareng-sareng, utawi pelesir wonten panggenan-panggenan ingkang ngremenaken manah.

 
Catetanipun namung setunggal, pokok mboten maksiat lan nyarak kesopanan, wujud kebungahan kados puniko angsal-angsal mawon.

 
Hadirin hadirot jamaah shalat Idul Fitri ingkang minulyo,

Monggo dinten riyoyo puniko kito manfaataken sak sae-saenipun. Kangge silaturrahim, nepung pasederean, saling berkunjung, lan pados hiburan ingkang ngremenaken manah.

 
Mangke, menawi sampun cekap seminggu kalih minggu, kito wangsul malih wonten pendamelan piyambak-piyambak. Ingkang sekolah utawi mondok, wangsul sekolah lan mondok malih. Ingkang nyambut damel, wangsul nyambut damel malih, wonten sabin, pasar, sekolah, kantor utawi pabrik. Ingkang sakmeniko wangsul mudik, mangke wangsul wonten kuthonipun piyambak-piyambak.

 
Sedoyo wangsul nyambut damel malih kanthi mbeto kebungahan, kebahagiaan, lan tentunipun mbeto peningkatan keimanan lan ketakwaan dumateng Allah subhanahu wa ta'ala.
 

Mugi-mugi ngibadah kito saklebetipun wulan Ramadhan lan dinten riyoyo Idul Fitri puniko, ugi silaturahim lan ngapuran-ngapuranan kito sedoyo, nitisaken berkah kangge kito, berkah kangge keluargo kito, berkah kangge bondo kito, berkah kangge ngamal kito, lan berkah kangge gesang kito sedoyo. Syukur-syukur kito waget manggihi Ramadhan lan riyoyo tahun ngajeng, kanti kesarasan, kesuksesan, lan karaharjan. Amin, amin, amin, ya rabbal 'alamin.

 
بسم الله الرحمن الرحيم. وَالْعَصْرِ (1) إِنَّ الْإِنْسَانَ لَفِي خُسْرٍ (2) إِلَّا الَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ وَتَوَاصَوْا بِالْحَقِّ وَتَوَاصَوْا بِالصَّبْرِ (3). بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ بِالْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِالْآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيمِ، وَاسْتَغْفِرُوْا رَبَّكُمْ، إِِنَّهُ هُوَ التَّوَّابُ الرَّحِيْمُ

 
Khutbah II
 

اَللهُ أَكْبَرُ، اَللهُ أَكْبَرُ، اَللهُ أَكْبَرُ، … اَللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ، … اَللهُ أَكْبَرُ وَلِلّهِ الْحَمْدُ

 
اَلْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِينَ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ. اَللّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ، وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَجْمَعِينَ، وَالتَّابِعِينَ لَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّينِ. أَمَّا بَعْدُ. فَأُوصِيكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللهِ عَزَّ وَجَلَّ. وَاتَّقُوا اللهَ تَعَالَى فِي هَذَا الْيَوْمِ الْعَظِيمِ، وَاشْكُرُوهُ عَلَى تَمَامِ الصِّيَامِ وَالْقِيَامِ، وَأَتْبِعُوا رَمَضَانَ بِصِيَامِ سِتٍّ مِنْ شَوَّالٍ، لِيَكُونَ لَكُمْ كَصِيَامِ الدَّهْرِ

 
وَصَلِّ اللّهُمَّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا أَمَرْتَنَا، فَقُلْتَ وَقَوْلُكَ الْحَقُّ: إِنَّ اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا. اَللّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ، وَارْضَ اللّهُمَّ عَنِ الْخُلَفَاءِ الرَّاشِدِينَ، أَبِي بَكْرٍ وَعُمَرَ وَعُثْمَانَ وَعَلِيٍّ، وَعَنْ سَائِرِ الصَّحَابَةِ أَجْمَعِيْنَ. اَللّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِينَ وَالْمُسْلِمَاتِ، وَالْمُؤْمِنِينَ وَالْمُؤْمِنَاتِ، اَلْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالْأَمْوَاتِ، إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ. اَللّهُمَّ اجْعَلْ عِيْدَنَا هَذَا سَعَادَةً وَتَلاَحُمًا، وَمَسَرَّةً وَتَرَاحُمًا، وَزِدْنَا فِيهِ طُمَأْنِينَةً وَأُلْفَةً، وَهَنَاءً وَمَحَبَّةً، وَأَعِدْهُ عَلَيْنَا بِالْخَيْرِ وَالرَّحَمَاتِ، وَالْيُمْنِ وَالْبَرَكَاتِ. اَللّهُمَّ اجْعَلِ الْمَوَدَّةَ شِيْمَتَنَا، وَبَذْلَ الْخَيْرِ لِلنَّاسِ دَأْبَنَا. اَللّهُمَّ أَدِمِ السَّعَادَةَ عَلَى وَطَنِنَا، وَانْشُرِ الْبَهْجَةَ فِي بُيُوتِنَا، وَاحْفَظْنَا فِي أَهْلِنَا وَأَرْحَامِنَا، وَأَكْرِمْنَا بِكَرَمِكَ فِي الدُّنْيَا وَالْآخِرَةِ. رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً، وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً، وَقِنَا عَذَابَ النَّا، وَأَ
دْخِلْنَا الْجَنَّةَ مَعَ الْأَبْرَارِ، يَا عَزِيزُ يَا غَفَّارُ
 

عِبَادَ اللهِ، إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالْإحْسَانِ، وَإِيْتَاءِ ذِي الْقُرْبَى ويَنْهَى عَنِ الفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالبَغْيِ، يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ. فَاذكُرُوا اللهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ، وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ. عِيْدٌ سَعِيْدٌ. وَكُلُّ عَامٍ وَأَنْتُمْ بِخَيْرٍ

 

Ustadz Ahmad Muntaha AM, Wakil Ketua Tanfidziyah MWCNU Kecamatan Salaman Kabupaten Magelang Jawa Tengah