Khutbah

Khutbah Bahasa Jawa: Rezekine Tiang Iman lan Takwa

Jum, 21 Januari 2022 | 07:30 WIB

Khutbah Bahasa Jawa: Rezekine Tiang Iman lan Takwa

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Rezekine Tiang Iman lan Takwa

Berikut ini adalah contoh naskah khutbah Jumat dalam bahasa Jawa. Kebutuhan untuk menyampaikan khutbah dalam bahasa lokal ada di berbagai daerah hingga saat ini, yang masih melestarikan bahasa daerah sebagai komunikasi-sehari-hari.
 


Teks khutbah Jumat berikut ini berjudul "Khutbah Bahasa Jawa: Rezekine Tiang Iman lan Takwa". Untuk mencetak naskah khutbah Jumat ini, silakan klik ikon print berwarna merah di atas atau bawah artikel ini (pada tampilan dekstop). Semoga bermanfaat! (Redaksi)


Khutbah I

 

الْحَمْدُ لِلّٰهِ الْمَلِكِ الدَّيَّانِ، وَالصَّلَاةُ وَالسَّلَامُ عَلَى مُحَمَّدٍ سَيِّدِ وَلَدِ عَدْنَانَ، وَعَلَى اٰلِهِ وَصَحْبِهِ وَتَابِعِيْهِ عَلَى مَرِّ الزَّمَانِ، وَأَشْهَدُ أَنْ لَّا إِلٰهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ الْمُنَـزَّهُ عَنِ الْجِسْمِيَّةِ وَالْجِهَةِ وَالزَّمَانِ وَالْمَكَانِ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الَّذِيْ كَانَ خُلُقُهُ الْقُرْآنَ أَمَّا بَعْدُ، عِبَادَ الرَّحْمٰنِ، فَإنِّي أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللهِ المَنَّانِ، الْقَائِلِ فِي كِتَابِهِ الْقُرْآنِ: فَاِذَا بَلَغْنَ اَجَلَهُنَّ فَاَمْسِكُوْهُنَّ بِمَعْرُوْفٍ اَوْ فَارِقُوْهُنَّ بِمَعْرُوْفٍ وَّاَشْهِدُوْا ذَوَيْ عَدْلٍ مِّنْكُمْ وَاَقِيْمُوا الشَّهَادَةَ لِلّٰهِ ۗذٰلِكُمْ يُوْعَظُ بِهٖ مَنْ كَانَ يُؤْمِنُ بِاللّٰهِ وَالْيَوْمِ الْاٰخِرِ ەۗ وَمَنْ يَّتَّقِ اللّٰهَ يَجْعَلْ لَّهٗ مَخْرَجًا ۙ

 

Ma’asyiral Muslimin sidang Jumat ingkang kawulo hormati,

Ing wekdal ingkang mulyo meniko, monggo sami ningkataken ketakwaan utowo raos wedi dateng Allah swt, arupi nglampahi sedoyo ingkang dipun perintah deneng Allah swt lan ngadohi dateng sedoyo ingkang dipun larang Allah swt. Monggo ugi sami ningkataken keimanan arupi ngencengake keyakinan dateng rukun iman ingkang enem enggeh puniko iman dateng Allah, malaikat, kitab, utusan, dinten akhir, lan pestine Allah—ingkang sae utowo olo. Mugi-mugi anggenipun nguataken iman lan takwa meniko, kito dipun catet deneng malaikat-malaikat Allah, mlebet wonten kaum utowo golongan tiang ingkang mukminin lan muttaqin. Amin.

 

Ma’asyiral Muslimin sidang Jumat ingkang minulyo,

Golongan tiang mukmin (tiang ingkang iman) lan muttaqin (tiang ingkang takwa) meniko, miturut Allah swt, inggih puniko golongan ingkang bade dipun tulung lan dipun panggenakan wonten ing papan palenggahan ingkang sae. Tiang iman lan takwa ugi bade tansah dipun sukani dalan saking sedoyo keruwetan gesang wonten ing alam dunyo. Golongan ingkang saget terus nguataken iman lan takwa ugi bade dipun sukani rezeki saking arah ingkang dipun mboten nyono-nyono.

 

Meniko sampun dipun tegesaken deneng Allah swt wonten ing Al-Qur’an surat ath-Thalaq ayat 2:

 

وَمَنْ يَّتَّقِ اللّٰهَ يَجْعَلْ لَّهٗ مَخْرَجًا

 

Ayat meniko negesaken dateng sinten mawon ingkang takwa utowo wedi dateng Allah swt, moko tiang niku bade dipun gampangake dalanipun saking perkoro ingkang angel. Ayat meniko lajeng dipun terasaken kalian ayat selajengipun inggih puniko ayat ketigo:

 

وَّيَرْزُقْهُ مِنْ حَيْثُ لَا يَحْتَسِبُۗ وَمَنْ يَّتَوَكَّلْ عَلَى اللّٰهِ فَهُوَ حَسْبُهٗۗ اِنَّ اللّٰهَ بَالِغُ اَمْرِهٖۗ قَدْ جَعَلَ اللّٰهُ لِكُلِّ شَيْءٍ قَدْرًا

 

Artosipun : “Allah paring rezeki marang wong iku soko kang ora kiniro-iro. Sing sopo sumarah pasrah ing Allah, panjenengaNe (Allah) bakal anyukupi marang dheweke. Mangertio sanyoto Allah iku mesthi angleksonoake prekoroNe, Allah andamel samubarang iku wus kanthi papestheNe”.

 

Ma’asyiral Muslimin sidang Jumat ingkang minulyo

Saking kalih ayat Al-Quran meniko sampun jelas, dene Allah swt ngajaraken dateng kito sedoyo supados yakin dene sedoyo wonteng ing alam dunio meniko wonten ing kuosonipun Allah. Kito mboteng angsal cilik ati lan was-was dateng rezeki nopo ingkang bade dipun cepeng dateng kito wonten ing dinten mbenjang. Sedoyo sampun dipun toto lan atur deneng Allah lan kito namung dipun perintah makaryo utowo usaha kalian dipun iringi dungo dateng Allah swt. Menawi raos pasrah meniko kito lampahi kanthi ikhlas, lajeng dipun iringi raos iman lan taqwa, insyaallah, Allah swt tansah maringi rezeki saking dalan utowo arah ingkang mboten dipun dugo-dugo.

 

Perlu kito renungi lan sadari ugi, naminipun rezeki saking Allah swt meniko mboten anamung rezeki ingkang wujud dhahir utowo arupi bondo. Ananging, rezeki ugi katah ingkang wujud bathin kados raos sehat, wekdal sempet lan sapinunggalipun sedoyo. Rezeki utowo nikmat ingkang mboten saget kito etang setunggal-setunggalipun meniko kedah dipun kito syukuri supados Allah mangke tansah nambahi nikmat dateng kito sedoyo. Ampun kito mlebet wonten ing golonganipun tiang ingkang dipun wales olo utowo dipun laknat kranten mboten saget syukur dateng nopo ingkang dipun paringaken dateng kito sedoyo.

 

Allah swt sampun dawuh wonten ing Qur’an surat Ibrahim ayat pitu:

 

وَاِذْ تَاَذَّنَ رَبُّكُمْ لَىِٕنْ شَكَرْتُمْ لَاَزِيْدَنَّكُمْ وَلَىِٕنْ كَفَرْتُمْ اِنَّ عَذَابِيْ لَشَدِيْدٌ

 

Artosipun: “lan elingno, nalikone Pengeran iro paring sumurup ono ing kitab: ‘Saktemene menowo siro podo syukur, yekti Ingsung nambahi nikmat marang siro, dene yen siro kafir, satemene siksan Ingsun iku sayekti banget lorone”.

 

Ma’asyiral Muslimin sidang Jumat ingkang kawulo hormati

Moko niku, anggenipun mbahas rezeki wonten ing dunyo meniko ampun namung dipun etang model matematika mawon. Rezeki meniko mboten setunggal ditambah setunggal dadosipun kalih. Nanging setunggal ditambah setunggal saget dados kalih, tigo, sewelas lan ugi saget dados nol. Sedoyo niku sampun dipun atur deneng Allah swt. Kito namung kedah ikhtiar nglakoni kalian tawakkal pasrah lan ndungo mugi Allah pinaringan rezeki ingkang barakah dateng kito sedoyo.

 

Meniko katah contoh wonten ing lingkungan kito sedoyo arupi tiang ingkang nyambut damel mboten ningali wekdal. Mulai enjing dumugi ndalu, dumugi enjing malih, nanging anggenipun nyambut damel mboten ngasilaken ingkang katah lan nyekapi dateng nopo ingkang dipun kersaaken. Naging sakwangsulipun, katah tiang ingkang nyambut damelipun santai, mboten ngoyo, saget ibadah kalian tenang, nanging rezekinipun lancar lan katah. Keluarganipun ugi sami sehat, ayem, lan anteng sedoyo.

 

Niki-niki dados renungan kito sedoyo, dene nyambut damel pados rezeki niki kedah dipun niati kangge sangu ngibadah. Ampun saksampunipun kita nyambut damel lan angsal rezeki, kito malah mboten nindaaken kewajiban ibadah alias ninggalaken ingkang dados pokoke gesang wonten ing alam dunio.

 

Rasulullah sampun dawuh wonten ing hadits ingkang dipun riwayataken saking  Imam Tirmidzi:

 

عَنْ عُمَرَ رَضِيَ اللهُ عَنْهُ قَالَ:سَمِعْتُ رَسُولَ اللهِ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ يَقُولُ:لَوْ اَنَّكُمْ تَتَوَكَّلُونَ عَلَى اللهِ حَقَّ تَوَكُّلِهِ لَرَزَقَكُمْ كَمَا يَرْزُقُ الطَّيْرَ, تَغْدُو خِمَاصًا وَتَرُوحُ بِطَانًا.

 

Hadits meniko ngengetaken dateng kito sedoyo bilih menawi kito tawakkal, yekti Allah bakal paring rizeki dateng kito kados Allah nyukani rezeki dateng manuk. Manuk meniko mboten gadah raos was-was nopo rezeki dinten meniko. Manuk namung tandang makaryo wiwit enjing dugi sonten. Bidal medal kalihan weteng ngeleh, nanging saget wangsul kalihan weteng wareg angsal rezeki saking Allah swt.

 

Ma’asyiral Muslimin sidang Jumat ingkang kawulo hormati

Saking nopo ingkang sampun dipun terangaken meniko, monggo sami noto ati lan mbagusi niat gesang wonten ing alam dunyo meniko. Kito dipun damel deneng Allah swt wonten ing dunyo meniko anamung kangge ibadah nyembah dateng Allah swt. Lan sampun dados kapesten, dene kito ampun supe sedoyo wonten ing dunyo meniko sampun dipun kersaaken Allah swt.

 

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِيْ الْقُرْأَنِ الْكَرِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْأَيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ، وَتَقَبَّلَ اللهُ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمِ، وَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.

 

Khutbah II

 

 اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ وَكَفَى، وَأُصَلِّيْ وَأُسَلِّمُ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ الْمُصْطَفَى، وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَهْلِ الْوَفَا. أَشْهَدُ أَنْ لَّا إلهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ أَمَّا بَعْدُ، فَيَا أَيُّهَا الْمُسْلِمُوْنَ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ الْعَلِيِّ الْعَظِيْمِ وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ عَظِيْمٍ، أَمَرَكُمْ بِالصَّلَاةِ وَالسَّلَامِ عَلَى نَبِيِّهِ الْكَرِيْمِ فَقَالَ: إِنَّ اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا، اَللّٰهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ، فِيْ الْعَالَمِيْنَ إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ 

اَللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ والْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ الْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالْأَمْوَاتِ، اللهم ادْفَعْ عَنَّا الْبَلَاءَ وَالْغَلَاءَ وَالْوَبَاءَ وَالْفَحْشَاءَ وَالْمُنْكَرَ وَالْبَغْيَ وَالسُّيُوْفَ الْمُخْتَلِفَةَ وَالشَّدَائِدَ وَالْمِحَنَ، مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ، مِنْ بَلَدِنَا هَذَا خَاصَّةً وَمِنْ بُلْدَانِ الْمُسْلِمِيْنَ عَامَّةً، إِنَّكَ عَلَى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ 

عِبَادَ اللهِ، إنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالْإحْسَانِ وَإِيْتَاءِ ذِي الْقُرْبَى ويَنْهَى عَنِ الفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالبَغْيِ، يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ. فَاذكُرُوا اللهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ

 

Muhammad Faizin, Guru Madrasah Aliyah Negeri 1 Pringsewu